Masa-Masa Mbibrik Lan Pacaran

-Jaman mbribik nek chatting ditutup kalimat, "Love You".
Nek wes pacaran ora jarang ber-ending kalimat, "Asssshh mbuh sakkarepmu!"

-Jaman mbribik, "kok siang bgt bangunnya? Kecapekan ya?".Nek wes pacaran, "tangi awan kok langganan, aleman!"

-Jaman mbribik, "Makasih yah selalu ngingetin aku"
Mbasan wes dipacari, "Rasah dibolan-baleni,aku ki wes ngerti!".

-Misale pacaran kui ibarat nggembok atine bocahe, yo percumah nek endinge mung njuk didudah karo liyane

-Sing bendino disanding we kesetiaane iso ngglinding,opo meneh sing do LDR lan mung paitan chatting

-LDR kui ibarat mbonceng motor karo turu..nek le cekelan mrucut yo jelas mung ngglimpang atimu...

-Ha ngopo ngingu pacar nek endinge mung ra wani nglamar???
keseriusan kok mung sesumbar!

-Misale balen kui ibarat renovasi.. yo percumah nek konstruksi ora dikuati...
Mending sisan relokasi mbangane ambrol bola-bali...

-Seko ngendi kowe iso membaca isi hatinya?
kowe lak yo ra ngerti to nek jebul sing dipikir dekne ki mung kowe lg klamben opo ora...

-Apalke konco cedakmu sing pasang avatar karo pacare.Begitu fotone diganti dewean, kowe lungo wae ndak mung dijak curhat bab pegate

-Pas dibribik kowe dijanjeni, pas wes dipacari kowe diblenjani...

-Jane ra setuju ning ra wani mbantah... Kui rung mesti mergo ngalah..ning iso wae mung mergo pacarmu wedi ndak ra entuk jatah ..Pacar cen sok ngono kui...

-Jaman pacaran klambine kembaran, pas pegatan pisuhane sing kembar

-------
Copas broooo...